Kaendahaning Kabudayan

Dening: Retno Cahyaningtyas, S.Pd

Bangsa Indonesia menika kadadosan saking mapinten-pinten suku, adat, basa, lan kabudayan. Awit saking kathahipun menika bangsa Indonesia sampun kawentar minangka bangsa ingkang anggadhahi basa lan budaya ingkang kathah. Sedaya wau ndadosaken bangsa  kita rumaos mongkog ing manah. Awit saking kathahipun, basa lan budaya Jawa, menika sampun kacathet minangka negara ingkang kathah basa lan budayanipun ing UNESCO. Mongkonging manah menika temtunipun boten wonten menapa-menapanipun menawi boten dipunupakara kaliyan masyarakatipun.  

Andhaharan ing nginggil menika temtu kemawon boten selaras kaliyan kawontenan ing kasunyatan samenika. Wonten saperangan tetiyang ing tataran masyarakat Jawi menika sampun sami boten mangertos malih kaliyan adat lan kabudayan ing masyarakat Jawa. Wonten ing pagesangan ing masyarakat Jawa samenika kathah ingkang boten sami mangertos menawi  basa  lan budaya menika. Awakipun piyambak ingkang sampun sami mangertos menawi basa lan budaya jawa menika kathah temtu kemawon rumaos sedhih.

Ing jaman samenika kathah ingkang sami boten purun anyinau basa lan budaya Jawa menika. Perangan tetiyang menika ngrumaosi menawi basa lan budaya Jawa menika kaanggep sampun kina lan boten jamani malih. Perkawis menika andadosaken menawi saperangan tiyang Jawa sampun sami supe kaliyan basa lan budaya Jawa. Sinaosa wonten ingkang boten remen malih kaliyan basa lan budaya jawa, awakipun piyambak rumaos remen ing batos. Samenika wonten saperangan para mudha taruna ingkang sami sengkut ambudidaya amrih lestantuning basa lan budaya Jawa.

Tuladha wujud pambudidayaning para mudha taruna ing jaman samenika kadosta :

  1. Ngawontenaken pagelaran-pagelaran ingkang gayut kaliyan kabudayan Jawa. Majenging era globalisasi ing jaman samenika nedahaken menawi pagelaran-pagelaran ingkang gayut kaliyan kabudayan Jawa kedah dipunlarasaken. Pagelaran budaya Jawa ingkang katindakaken menika saged dipunbiwarakaken lumantar media sosial. Menika supados masyarakat sami mangertos menawi wonten pagelaran. Generasi mudha sampun sami “canggih” menawi babagan mbiwarakaken pagelaran kabudayan menika ing ranah media sosial.
  2. Ndhereki pakempalaning kabudayan (Sanggar). Kathah sanggar-sanggar ingkang gayut kaliyan kabudayan Jawa menika ingkang saged dipundhereki dening para mudha minangka wujuding upaya  kangge majengaken kabudayan Jawa. Kanthi andhereki sanggar menika kaangkah para mudha menika dados paraga ing salebeting langkung nresnani malih kaliyan kabudayan Jawa menika.
  3. Nyengkuyung sedaya programing pamarentah tumraping ambudidaya kabudayan Jawa. Kathah  cara pangupakaraning pamarentah amrih basa lan budaya Jawa tansah lestantun, Kedah dipunsengkuyung kaliyan para warga masyarakat kalebet para generasi mudha. Para generasi mudha kedah cancut tali wanda, makarya sesarengan amrih basa lan budaya Jawa tansah saged ngrembaka.

Andharan ing nginggil nedahaken menawi basa lan budaya Jawa dipunlestantunaken dening sedaya warga  kalebet para mudha taruna. Sekedhik napa kathah wujuding pangupakara menika ndadosaken upaya lestantuning basa lan kabudayan Jawa amrih lestantun dumugi pungkasaning jaman. Ampun ngantos para mudha menika namung mendel kemawon. Para mudha taruna kedah kanthi manunggaling tekad “Aku Seneng Basa lan Budaya Jawa”.

Bagikan:

32 Replies to “Kaendahaning Kabudayan”

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *